Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

96

dayeksa, Prabu Hardayeksa punika raseksa ageng birawa, tinon lir Prabu Maruta menggep munggèng dipangga krura, amusthi limpung prawégya mengku wadya raseksa gangsal èwu, aciri garudha dibya, yèn cinandra ingkang warna lir diktya andel ing Lokapala awasta pun Wisnukara, tinon anggegirisi, sisih Prabu Kalamatengga pantes munggèng luhuring dipangga, rinengga abra linarapan dhasar reta, tinepu rénda kancana, wong agung Nungsabarong tuhu raseksa birawa, yèn cinandra ingkang warna, lir Harya Jambumangli, putranya Sang Mangliawan, minangka manggalaning lampah, mengku wadya diyu gangsal èwu, aciri tengran trisula, kang sumundhul wuri malih, Rekyana Patih Bomakéndra mengku wadya manungsa saleksa, sèwu andeling ngayuda, kang ciri surya rinengga, pantes munggèng kuda bopong rinengga abra awasta pun Prabakéswa, apajèng maliya jenar, asri pinethuk ing prada, pantes dadya wrangkaning naréndra, gagah prawira geng inggil, prakosa ing ngadilaga, tur sinekti kasup kasudibyanira, yèn cinandra warninira Rekyana Patih Bomakéndra lir putra Ngalengka Sri Bukbis ing praja Girigedhasar, tandya upacara dalem myang andhungan titihan dipangga Sang Prabu Kang Misésa, pantes munggèng wahana dipangga rinengga rukma kancana, dhasar abrit kinara wistha, tinepi rénda kancana, sinongsongan rukma, tinon asri kawuryan, yèn cinandra ingkang warna lir Sangywang Kalarodra, birawa anggempur bumi, anglangkungi prabawanira, untabing bala kadi séla arga duk arsa mring Suralaya anuwun Dèwi Sri ing swarga, kéring kanan kinaré wadya prawita, panganggénya awarna-warna, wondéné ingkang munggèng wuri dalem para andeling naréndra tan kénging ingétang, solahnya manggregut mangajap yuda, lah ing ngriku lampahing dedamel arsa ginelak, wong agung ing Ngimataka nulya ngandika.

POCAPAN (242),
GANGSA GESANG, SUWUK.

 Wau ta, lampahing wadya ing Ngimataka sareng ngancik telatah wana ing Krendhasara, wantuning wadya sabrang nganggé ambek gyar kuwawa, sareng ningali kebo sapi bèbèk ayam ménda aglar ing pangonan, nulya dèn rayah purun, sarwi anyandhak upet malebet ing padhusunan lajeng ambesmèni griya, wadya ing padhusunan gègèrira uleng-ulengan, atho, atho, atho.

PLAJARAN, SUWUK, LAGON.