95
rèh bumi lir belah, sekala bodhol sadaya, sumahap tandanging wadya Ngimataka lir péndah maésa gembira solahira.
GENDHING KEBOGIRO, REP.
Lah ing ngriku bodhol sadaya dedamel ing Ngimataka, sumreging baris muntap lir samodra, anggameng gumulung agegolongan, swara gumerah gumlèdhèg kadya alun nempuh parang, tengran kandha daludak kosir lelayu lir pecahing alun, sumirat binarung wangkawa téja, asri winulat kedhaping ngasta myang busana rukma, sesotya pating galebyar pindha sunaring tirta molah asranging surya, ujwala sri sinawung lidhah cancala, ing gegana ngemu riris, surem baskara sarimanglula, asri panganggéné wadya, tinon lir panjrah ngujwana tan awor tatanira sajuru-juru rampak makupu-kupu pipit, arentep atali-tali panthan-panthan adeduluran, sasra wisra gegolongan, dhasar sami wadya pepilihan, anom gagah atuwuk dana lawan ingugung pinuja kasuranira, sasolahé ngajap yuda, samarga agora godha, wondéné ingkang dadya manggalaning lampah, lelurahing kajineman pun Surabremantya, tuwin raseksa pun digtya Wiraksa lan pun digtya Wirodra, amengku kancanira raksasa tigang atus, pun Surabremantya mengku wadya jawi kalih belah. kang dwaja sutra markata aciri raksasa krura, menggep punggawa tetiga sangkep sumbagèng ngajurit, anyuriga pedhang myang bedhama amandhi ganjur kinumbala, awegig sutra dipangga munggèng kuda napas buntung, binarong laring manyura, yèn tinon pating karéyap anggegilani, dhasar punggawa raseksa rodra, digung tingkahé agora-godha, ki nembar samudayanira, kang sumambung wuri malih sang digtya Wirawi rodha, raksasa santana naréndra, andel prawira ing ngadilaga munggèng dipangga amungguh, pinanggang gya abra sinang amengku wadya raksasa tigang èwu, atengran ciri nanggala apajeng wulan purnama, yèn tinon kang warna lir andel Ngalengkapura, pun digtya Wirupaksa nanggulang satruning wré, kang sumundhul wuri malih wong agung jajar kalih, wong agung Sonyapringga lan wong agung Jonggarba samya mangku wadya gangsal èwu, wong agung Sonyapringga amenggep nitih turangga kresna, pinanganggyanya sri maléla aciri manyura anucuk sara, kuda wasta pun Sempati, wong agung Jonggarba munggèng turangga kang wulu abrit rinengga asri, rinénda linarapan baludru kresna pinlisir kancana rukma, tinon Sang Prabu Hardawasésa lir putra Ngalengkadiraja Radèn Narantaka, déné Prabu Héndrapati yèn cinandra ingkang warna lir Prabu Banaputra atmanya Sang Prabu Banapati. kang sumundhul wuri malih Sang Prabu Kalamatengga lan Prabu Har