94
Wau ta sawedalira pun Jathagumbala tuwin pun Jathawisaya. ingkang dipun utus dhumateng ing Nungsagrembula, ya mangkana yitnanira pun Jathagumbala, "i haé, ora jamak Bathara Éndra, déné ndadak awani-wani mbalak karsané Kangjeng Déwaji, ora wurung ing Ngéndrabuwana dadi karang abang, keladhon déning raseksa ing Ngimataka", wondéné yitnanira pun Jathawisaya inggih boten sanès kadi yitnanira pun Jathagumbala, lah ing ngriku pun Jathagumbala nulya wicanten.
POCAPAN (240),
GANGSA GESANG, SUWUK.
Wau ta laris lampahira pun Jathagumbala pun Jathawisaya, kocapa wong agung Ngimataka ingkang kundur angedhaton, angrasuk kaprabon kaprajuritan, ri wusnya sumbagèng laga, akarsa miyos ing jawi. Wau ta, Kyana Patih Bomakéndra tuwin ingkang para raja ingkang nata-nata lampahing prajurit, tanapi titihanira Sri Narendra ingkang warni kuda rata dipangga, sampun sumekta sadaya, sareng sampun sumekta njawi nglebet, Prabu Nirbita anulya miyos inggal-inggalan.
GANGSA PLAJARAN, REP.
Wau ta sawiyosira Prabu Winatakwaca, ingkang ginalih-galih amung Bathara Éndra tuwin pandhita ing Ngéndrakila, tanapi satiwasnya naréndra catur ingkang ingèsthi pinudya ing ngadilaga, tuwin gyanira atata-tata kyana patih tanapi ingkang para raja, ya mangkana yitnanira Sri Nirbita, "é haé, ora talah Bathara Éndra, déné banget temen olé ngukuhi nimas Supraba, apa déné kang merjaya para raja, utawa manèh pandhita ing Ngéndrakila, ndadak wani-wani gawé rusiyané kongkonanku Si Tumenggung Mamangmurka, apa ngluwihi mana kadigdayané, Iya diayonana pandhita lan para déwa, ora wurung sirna déning aku, é haé". yekti mangkana pangunandikanira Sri Naréndra.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (241).
Wau ta ingkang wonten ing jawi, pun Gitapratandha nyat anulya nabuh bendhé, dhasar bendhé ageng pinatut barang, angungkung karengèng tawang, sinahuran tengara kendhang gong tambur salomprèt gurnita gumrah, myang tetek mawanti-wanti, lan senjata mariyem munya gumludhug kaping tiga, pracihna humangkating prang, mawurahan gora