Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

93

  Sébetbyar wau ta, Sang Prabu Winatakwaca sareng mireng aturira pun Apatih Jayaprawasa, sangsaya mawantu-wantu dukanira.

KAWIN DURMA.

  Apa ta pratandhané yèn duka, jaja bang mawinga-winga, kumedut padoning lathi, jatha mangisis gumerèt kang waja gathik, nétra andik sumorot lir surya madyaning rina, manguntar-untaring manah, mangreda ing pupusuh kadya bedhaning lambung, yèn sinabeta ron tal sarembat, bel, kadi medal dahana, Sri Narendra karsa préntah mbodholaken wadya, wong agung Ngimataka nulya ngandika.

POCAPAN (236).

  Sébetbyar wau ta, wong agung sekawan sareng mireng pangandikanira wong agung Ngimataka karsa nyalirani ing ngayuda, seklangkung dukanira, sekala arsa matur sarwi goyang palenggahanira.

KAWIN GURISA,
POCAPAN (237).

  Wau ta, wong agung Ngimataka akarsa ndhawuhi raksasa kajineman kekalih, pun Jathagumbala lan pun Jathawisaya dipunutus dhumateng ing nagari Nungsagrembula, naréndra warni teksaka, ajujuluk Raja Wisamuka, dipun-timbali sawadyanira bujungan wana sadaya, Sri Naréndra nulya ngandika.

POCAPAN (238),
PLAJARAN, REP.

  Wau ta sawedalira pun Jathagumbala, pun Jathawisaya, wong agung Ngimataka akarsa ndhawuhi Rekyana Patih Bomakéndra, tuwin ingkang para raja, kinèn sami medal ing jawi tata-tata sasumektaning ngayuda, sabab Sri Narendra badhé bebodholan, anginggahi ing ngayuda dhumateng ing Ngéndrabuwana, Sri Naréndra nulya ngandika.

POCAPAN (239).

  Wau ta wong agung Ngimataka, sareng sampun rampung anggènira adhedhawuh, akarsa kundur angedhaton, tedhak saking palenggahanira dhampar rukma, jlog.

GESANG, LAJENGAN, REP.