92
lir medal dahana, yèn dèn ebyukana rontal sarembat bel, kadi medala dahana, Sri Naréndra nulya ngandika.
POCAPAN (232).
Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika Prabu Winatakwaca, kasaru praptanira Sri Raja Kagéndrasura, nyaosi priksa yèn wadya bujungan wana kapara tiwas, Raja Kagéndrasura niyup saking jumantara, siyut, siyut, siyut.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (233).
Sébetbyar wau ta, Sri Narendra ing Ngimataka sareng mireng aturira Raja Kagéndrasura wimbuh dukanira, Sri Naréndra arsa ndhawuhi Raja Kagéndrasura, ngrebat Dèwi Supraba, Raja Kagéndrasura kinèn anjampangi pakèwet ing jumantara, Prabu Winatakwaca nulya ngandika.
POCAPAN (234),
PLAJARAN, REP
Sébetbyar wau ta, dèrèng dumugi nggènira imbal wecana wong agung Ngimataka, kasaru dhatengira Patih Paranggupita, pun Patih Jayaprawasa, yèn gustinira Prabu Jayapurusa tuwin para raja sawadyabalanira sami kapara tiwas, lah ing ngriku dumrojog tanpa larapan.
GESANG, REP.
Wau ta, sadhatengira pun Apatih Jayaprawasa wonten ngarsanira wong agung ing Ngimataka, ya mangkana yitnanira pun Apatih Jayaprawasa, "iki gustiku Sang Prabu Misésa kepareng lagi miyos ana ing pasamuwan pepak kang para raja kabèh, méndah yèn wisa priksa aturku yèn ingkang uwa Déwaji ing Paranggupita tuwin para raja sawadya-balané padha kapara tiwas kabèh, méndah iba kejoté panggalih-dalem", wondéné yitnanira wong agung Ngimataka, "é haé, iki Si Jayaprawasa, teka ana ngarepanaku asigra-sigra semuné, apa ta karepé dhéwé apa ta dikongkona marang Uwa Prabu Paranggupita, daksawang kaya nemu pakéwuh lakuné", wondéné yitnanira Kya Patih Bomakéndra tuwin wong agung sekawan inggih boten sanès kadi pangèsthinira Sri Misésa.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA.
POCAPAN (235).