91
Wau ta Sang Prabu Winatakwaca sareng mireng aturira Ki Lurah Togog Saraita, tandya anggègrèk anggajah watu, nggigit lathi, gumerèt kang waja gathik, sakelangkung dukanira, apa pratandhané yèn duka, gedrug pada goyang kang kursi kancana, kumedut padoning lathi, manguntar-untaring manah, mangreda ing wuwusuh, kadya bedhahing lambung, yèn sinabeta merang sagèdhèng bel, kadya medal dahana, Sri Narendra nulya ngandika.
POCAPAN (230).
Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal wecana, Sri Narendra ing Ngimataka tuwin Kya Patih Bomakéndra tanapi wong agung sekawan, kasaru dhatengira digtya Kalajumbla, nyaosi priksa yèn wadya rota denawa ingkang sami pacak baris wonten tepis wiring nagari Ngimataka sami kapara tiwas, lah ing ngriku digtya Kalajumbla dumrojog tanpa larapan.
PLAJARAN, REP.
Wau ta sadhatengira digtya Kalajumbla, ya mangkana yitnanira Sri Narendra ing Ngimataka, "é haé, iki Si Kalajumbla teka ana ngarepan-aku, déné asigra-sigra lakuné, kapriyé pawartané bocahku buta, nggoné padha pacak baris ana tepis wiringé negara Ngimataka, semuné nemu pakéwuh lakuné", wondéné yitnanira digtya Kalajumbla, "iki Kangjeng Déwaji pinuju lenggah ana ing pagelaran, amepak ingkang para raja utawa para wadya Ngimataka kabèh, saiba yèn wisa priksa aturku yèn kancaku buta padha kapara tiwas kabèh, dakduga banget dukané", titi mangkana yitnanira digtya Kalajumbla.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (231).
Wau ta, Sang Prabu Winatakwaca sareng priksa aturira digtya Kalajumbla nyaosi priksa yèn wadya rota denawa sami kapara tiwas, sekala amangku duka.
KAWIN SUDIRAKAWEKAS.
pratandhané yèn duka Sri Narendra ing Ngimataka, jatha mangisis kerot-gumerot lir singa lodra, jaja bang malatu-latu, obah kang maligé waja, nétra andik sumorot lir surya darpa, napas sesek waja