Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

89

GANGSA GESANG, SUWUK, KAWIN,
POCAPAN (225),
PLAJARAN ANTAL, REP.

Wau ta, sawedalira waranggana kekalih Sangdyah Dèwi Sumarsanawati tuwin Sangdyah Dèwi Mayangsari, ingkang dipunutus dhateng pratapan ing ngarga Ngéndrakila, ya mangkana yitnanira Sangdyah Sumarsanawati, "paran baya laksita ulun iki mengko, ywan ulun lumakya ing dharatan, ulun duga lama kang dadya laksita ulun, ywan kadya mangkana, prayoga ulun mahawan ing jumantara baé", wondéné yitnanira Dèwi Mayangsari inggih boten sanès kadya pangudasmaranira Sangdyah Dèwi Sumarsanawati.

GANGSA GESANG, SUWUK,
POCAPAN (226).

Wau ta, Sangdyah Dèwi Sumarsanawati tuwin Sangdyah Dèwi Mayangsari ingkang karsa mahawan ing jumantara, nulya ambangun kasumbaganira.

KAWIN GURISAMÈNGKRÈNG.

Sébetbyar wau ta, waranggana kekalih ingkang karsa muryani busananira, lah ing ngriku nulya dèntetepaken jejamangé, dènkencengaken pependingé, sarta dèncancutaken sebéné, tandya dènencot wentisé, dènembat walikaté, dènwiwir sasondhèré, sekala mesat ing jumantara blas anulya sirna.

PLAJARAN, SUWUK, LAGON.

Wau ta laris tindakira waranggana kekalih, ingkang sumedya dhateng pertapan Ngéndrakila, sinigeg gantya ingkang kocapa, ing negari Ngimataka, Sang Prabu Winatakwaca tansah gandrung asmara arsa siniwaka, saking gunging wadya agung gumrunggung swaranira.

GENDHING JURUDEMUNG, REP, NGLANA.

Sébetbyar wau ta, Sri Naréndra ing Ngimataka Sang Prabu Winatakwaca, ingkang saweg miyos siniwaka, munggèng sitinggil binatu retna, lenggah ing kursi kancana, pratistha Prabu Winatakwaca anglingga ka- praboning ngayuda, kinubeng ingkang raksasa ricik, Sri Naréndra katarèng solah bawanya yèn angemu brangta, sadangunira lenggah Sang