88
wonten ing karang kawidadarèn, sarta lajeng kinèn sumbaga pisan, badhé kautus nimbali Begawan Mintaraga, kanthi amaringaken supatra, lah ing ngriku sangdyah kekalih sareng sampun sumekta, anulya awisata maring ngarsanira Sangywang Bathara Éndra.
LAGON,
POCAPAN (222),
LAGON.
Wau ta, Sangdyah Dèwi Sumarsanawati sawusira nampèni supatra karsa pamit anulya matur.
POCAPAN (223),
GANGSA AYAK-AYAK, REP,
POCAPAN (224),
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON.
Wau ta, Sangywang Bathara Éndra karsa minggah dhateng sanggar palanggatan, angobong menyan séta dupa pepanggil, boten ageng boten alit, udakawis saendhasing dirada abuh, kukusing dupa sumundhuling ngondar-andir buwana. Wauta gentya ingkang cinarita ingkang wonten paséban jawi, para jawata ing Ngéndrabuwana tata jenjem tan gumléwang galihira.
GENDHING SANGGALÉWANG, REP.
Anenggih punika ingkang wonten pasowanan jawi ing Kandhawaru, wadyabala ing Ngéndrabuwana, ingkang lenggah tengah kidul nginggil punika Kyana Patih Déwantaka, ingkang kilèn punika Sangywang Srengganidéwa, ingkang wétan punika Sangywang Citragana, ingkang lenggah tengah lèr punika, pangagenging andel ing Ngéndrabuwana wasta Sangywang Déwamadhendha, ingkang kilèn Sangywang Subrangta, ingkang wétan Sangywang Sukata, pepak sedaya wadya ing Ngéndrabuwana, wondéné ingkang sami dipun penggalih, sakundurira Sangywang Bathara Kanékaputra, Sangywang Bathara Éndra anggèṇira utusan nimbali pandhita ing Ngéndrakila Sang Begawan Mintaraga, ya mangkana yitnanira Sangywang Srengganidéwa, "paran baya kawismayanya Kangjeng Rama iki, déné ndadak utusan nimbali pandhita ing Ngéndrakila, apa ora nggalih ngrampit prang tumuli mring paradèng ing Ngimataka, yèn ta ora dirampit tumuli, kang dènanti apa", wondéné yitnanira Sangywang Citragana inggih boten sanès kadi pangétangira ingkang raka Sangywang Srengganidéwa.