87
pangunandikanira Sri Bathara, "méndah baya ywan wus prapta Si Mintaraga kang ginadhang ambawani prang lan Sang Nirbita".
GENDHING TITIPATI, REP.
Anenggih punika ingkang wonten salebeting prasadarga ing gupit Mandragini, raka mustika dayinta Sri Bathara Éndra, sinten ta dasa namanira, tetimbanganira mukti Sri Bathara Éndra, dasa sapuluh nama aran, ingkang wonten tengah punika Sangdyah Dèwi Wirakti, ingkang kilèn punika kusuma Dèwi Wiranci, ingkang wétan punika Sangdyah Dèwi Sotyararetna, wondéné kusuma Dèwi Wirakti punika anglangkungi ayu warnanira, yèn cinandraa warnanira kirang candra langkung warna, ayu tulus kaduk raga kirana, tingal lindri liringnya lir Pasopati, larapan alus alètèr patutnya mindha ancala, srinatanya lir péndah kudhuping puspita sata, réma memak ngandhan-andhan, wer mercet kang pucuk reta, pasu tumurun imbanya nanggal sajuga, lathi manis kawuryaning lathi, ginantèn kaping tiga, waya èsmu gumadhing, mila yèn arikalanira mèsem, winatarèng nétya, tutup lathi ing ngasta, wajanya kongas sumorot, dlèrèng gebyar, ah teka dadi brangtané abdidalem kang sowan sedaya, midera sèwu negara mangsa angsala ngupados kang mirip lir warnanira Sangdyah Dèwi Wirakti. Wau ta adining kusuma Sangdyah Retna Dèwi Wirakti, sadangunira tinilar séwaka dhateng ingkang raka, tansah angarsa-arsa, ya mangkana pangudasmaranira Sangdyah Retna Wirakti, "kadingarèn temen Sangywang Pukulun nggonnya miyos siniwaka teka lama béda lawan soban-sabennya, baya ana kawismayanya apa", yekti mangkana pangudasmaranira Sangdyah Retna Wirakti.
SEBLAK SIYENG, GESANG, REP,
POÇAPAN (219),
GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (220).
Wau ta, Sangywang Bathara Éndra akarsa nimbali Dèwi Sumarsanawati tuwin Dèwi Mayangsari, arsa dinuta dhumateng pratapan ing Ngéndrakila, maringaken supatra, Sangywang Éndra nulya ngandika.
POCAPAN (221),
LAGON.
Wau ta Sangdyah Dèwi Sumarsanawati tuwin Sangdyah Dèwi Mayangsari, sareng katimbalan dhumateng Sangywang Bathara Éndra