86
POCAPAN (216).
GANGSA PLAJARAN, REP.
Wau ta, sapengkerira Sangywang Kanékaputra, Sangywang Bathara Éndra karsa ndhawuhi Kya Patih Déwantaka, tanapi dhateng ing. kang putra Sangywang Srengganidéwa, Sangywang Citragana, sami kinèn pradandosan sasumektaning ngayuda, Sangywang Bathara Éndra nulya ngandika.
POCAPAN (217).
Wau ta sareng sampun rampung dhawuh pangandikanira Sangywang Sri Bathara Éndra, Sri Bathara ngandika sepisan rampung, lir mangsi tumamèng kertas, tan kena lumèbèk, Sri Bathara akarsa kundur angedhaton, tedhak saking palenggahanira kundharana rukma, jlog.
GANGSA GESANG, REP.
Wau ta, sakundurira Sangywang Sri Bathara Éndra, sareng mulat kanan kéring, ingkang tampi semu-dalem para déwati kalih, Dèwi Gagarmayang Dèwi Gagarwati, lah ing ngriku wedalira inggal-inggalan.
GANGSA GESANG, REP,
POCAPAN (318),
GANGSA GESANG ANTAL, REP.
Wau ta, Sangywang Surapati ing kayangan Paparywataṇa datan kèndel, ing kayangan Antiloka datan pinarak, lah ing ngriku kèndel wonten Danapratapa, punapa ingaranan Danapratapa gapura, ingkang ingaran gapura, minangka wiwaraning ing prasasadarga ingkang wijil sapisan, punapa ingaran gapura gedhé mèru dhuwuré, adi luwih bagusé rukma kancana, mila gapura ingaran Danapratapa, danané yèn kalangkahan apsara-apsari, tapané yèn kodanan kepanasan, lah ing ngriku Sri Bathara Éndra angiwa tingalé wonten bremana anguswa sari, sari meksih kudhup dènisep ing bremara, akèh solahé bremara, ana teka mèsem salebeting galihira Sri Bathara Éndra.
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON,
KAWIN GAPURA.
Wau ta Sri Bathara ingkang kundur ing prasadarga, tan liya kang ginalih-galih namung dhawuhnya Sangywang Jagadnata, ya mangkana