durung tau weruh sira,
buron we dahat nistha,
sudine kang ngaku sunu,
darbyatmaja sipat sira.
Luhung cupeta bae wis,
urip ndedawa cilaka,
wujut sipatira asor,
saha tyasmu punggung mudha,
tan kaprah makluking Hyang,
mobah molah wisa katut,
ngreribeti barang karya.Cacat banget nggonmu urip,
ora sampurna ing rupa,
bok matiya bae keyong,
njaluk urip kang utama,
aywa cemer tan misra,
sudine kang asung susu,
nusoni wujudmu ala.Mokal darbeya sireki,
kagunan ingkang mulyarja
pantese atimu bodho,
klelar-kleler mak emakan
tur tan darbe agama,
Kitab Kur'an nora weruh,
apa maneh tatakrama.Seje lan ingsun puniki
musthikeng jagad wiryawan,
turasing dwija kinaot,
ibu trahing daniswara,
pantes lamun caksana,
sabarang kawignyan putus,
tembung ngoko krama limpat.Luwih maneh tern bung kawi,
nadyan Kur'an katib palak,
103