dumunung ananira,
palguna tatanya gupuh,
heh teja kang sulaksana.
Tigas makyengsun mangeksi,
mujut sipating kahanan
ngendi pinangkamu kowe,
mring ngendi paraning karsa,
nembe bae sun wikan,
heh saru sapa aranmu,
asalan jinising apa.Dene banget saru nisthip,
nistha karupanira
nauri sun iki keyong,
jinisku bangsane toya,
akeh tunggal manira,
ing bangawan miwah laut,
rupa-rupa kuwasengwang.Kayata pongpongan kijing
yodi kima kroco bakang,
tirem kerang sasamine,
ingsun kira nora beda,
titah kang neng dharatan,
sipat ingkang saru-saru,
mratani gumlaring dunya.Balik sireku pribadi,
jinis apa ranmu sapa,
tuwin ngendi pinangkane,
kang tinakon mengsem nabda,
sun Kancil ranku ingrat,
swajana kang sarwa putus,
gunadi myang kasusastran.Nanging salawas sun urip,
kerep cengkrama wanarga,
samodra kali myang kalen,
102