ngemhani harang reh nurut
minangka walesing setya.
Warnanen samana kancil,
nyingit prihadi leledhang,
marang sapinggiring kalen,
Kancil kacaryan duk mulat,
ananing cecukulan,
palguna sedyaning kalhu
yun wruh uluning susukan.Wisata sarwi menyanyi
rengeng-rengeng ngura gita,
tembangan kang sarta lagon.
suluk kawin Sangsekreta,
slawatan pepujian,
gagas-gagas agallembut,
ulah liding kara kara.Tan dangu lampahnya prapti,
ulu kalen Situbanda,
arsadus Kancil karsane,
wus meh umanjing ing toya,
Kancil kagyat duk wikan,
kewan satunggal puniku,
gandhulan lumut dendungan.Gremet ngarah-arah ririh,
darana dwistha ing karya,
kancil meksi gedheg-gedheg,
rurupan ananing jagad,
hangsane huron toya,
Kancil grahitaning kalbu,
lah iku huron punapa.Mokaling titah dumadi.
asnapun kodrating Pangran,
dahat ala saru aneh,
kayat kayun kang cengkrama,
101