Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

11. ASMARADHANA

  1. Dera subrataning kancil,
    wusnya putusing kagunan,
    kerep pepara lungijen,
    malbeng wana sunya pringga
    jurang trebis gunthaka,
    jajah ingkang singit singup,
    munggah wukir malbeng guwa.

  2. Dhugal nakale kepati,
    drengki baut ngreka daya,
    panas baran panastenan
    ngrusak silarjaning dunya,
    reh maksih kirang yuswa,
    dene maesa andanu
    datan sah mestuti karsa.

  3. Kancil yen nerak tyas sipil
    maesa matur ngrerepa,
    manyegah karsane rade
    ananging datanpa guna,
    wus mangkono klakuwannya,
    wong ala tan bisa kawus,
    yen durung keneng rubeda.

  4. Ciptaning kebo ngantepi,
    tekade tan nedya ginggang,
    ngawula ing selawase,
    makathik makanan kewan,
    dunya prapta delahan,

100