Tujune jinageng mesa,
setya tuhune lestari,
anjaga satru durjaya,
kang sarta minangka dadi,
emban pangatas pardi,
mardi budi anenuntun,
sakadaring kagunan,
winahya temen nastiti,
ing kadunyan terus prapteng ing delahan.Ngarsa sinambung umurnya,
dening kenthurang ing nguni,
samana alama-lama,
tan kurang siji punapi,
lir kagege si Kancil,
tan siwah lawan pethangkus
endhek cilik adawa,
abang nom gigire dalir,
kulit tipis kenceng apandhes tur gilap.Kocapa antara lama,
kancil meh balinul ngaki,
yen jalmaa lagi yuswa,
nembelas tahun lumaris,
mempening ulah tulis,
kawruh titinggalanipun,
Kenthus sudarmanira,
buku Ianda layang Jawi,
kitab Arah rontal miwah tembung Buda.Sadaya kawruh ginulang
wong sinau kang taberi,
lawas lawas iya bisa,
nadyan tanpa guru kancil,
rehning trahing linuwih,
tajeming tyas yayah punglu,
pesate saking tingal,
marma Jawa Rab patitis,
Mlayu Landa moncoling rat pramudita.
99