Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Akeh Malaekat prapta,
    saha para widadari,
    sasanti ngundanken kembang,
    gunasti jaya basuki,
    nanging tan ana keksi,
    marmane Kancil sempulur,
    adoh kang sambekala,
    gara-gara andhatengi,
    lidhah kilat thathit wangkawa liweran.

  2. Wawang lir sutejengkara,
    tanpa kara-kara yakti,
    nulya na swara kapyarsa,
    heh nini sutanta iki,
    lestarekna kang nami,
    Kancil paparabe patut,
    arane kang sanyata,
    den bagus Yatin prayogi
    wruhanira ingsun iki Nabi Adam.

  3. Kancil nuli rinesikan,
    wenensing cahya respati,
    sumeh pasuryan ngatirah
    prabaning waktra nelahi,
    surem soroting sasi,
    merang kasoran kang semu,
    lahire ri Salasa,
    Kliwon mangsa Palgunadi,
    tahun lwa ingetang Surya sangkala.

  4. Suwara matenggeng kama,
    Ken prucul ascaryeng ati,
    dahat suka sukurira,
    dene cundhuk lawan gaib
    wirayat kang dumeling,
    timbuling pawarta gathuk,
    muhung kuciwanira,
    pathangkus datan menangi,
    among suta puwara Prucul nalangsa.

98