Kuwandha ingupakara,
lir adate kewan kang wis ,
maenda denira wawrat,
samanantuk wolung sasi,
mangke tinilar nglaki,
karanta-ranta ing kalbu ,
leleng ling lunging nala
dyan ana swara kapyarsi,
saking wiyat heh nini aywa udrasa.Welasa kang neng wetengan,
yun dadi suryaning bumi,
pangaubarireng kewan,
kutu walang tataga sih,
nrimaa bae nini,
wus pasthi karseng Hyang Agung,
lakimu nuksmeng swarga,
jinaga ing widadari,
nora wurung ing tembe panggya Ian sira.Wus cinetha sadurungnya,
neng lokil makpul ing nguni
marigkya munajada sira,
kang neng guwa garba iki,
jabang bayi kang sigit,
yen lahir arane besok,
Kancil minangka duta,
ingkang susila reh niti,
wedhus prucul umatur nuwun sandika.Wus sirna ponang suwara,
maenda getun tan sipi,
suka sukuring wardaya,
parmaning Hyang Mahasuci,
tan kendhat saben ratri,
para ambiya sung tutur,
riwusnya lama-lama,
sampun dungkap sangang sasi,
dera wawrat mbabar jalu nuksmeng harya.
97