Lah yayi kang eling sira,
kawruhing kewan wanadri,
wus putus matakayijan,
iku yen sato ngelmu writ,
luhur tan ana nyami,
sasamining kutu-kutu,
nanging janma utama,
kawruh mangkono tan apti,
wit manungsa tinitah sipat mukarab.Lire mukarab kacedhak,
dene Hyang kang Mahasuci,
marma ywa kapengin sira
nora luwih wekas mami,
makhluk tataning ngurip,
sampurnakna pangawruhmu,
weruha sastra jendra
ayuning jagat sakalir,
kang mutamat mungguh esthine pandhita.Terangna rupaning sastra,
myang swara unining tulis,
mungguh sipating kang nyata,
pecahe lambe kang nginggil,
unine manut angin,
napasmu kang manjing kalbu,
iku mungguh sipat kodrat,
kumpule rasa sajati,
aneng ngutek kang mancorong lir barleyan.Wedhus prucul wusing tampa,
banget pamejange ngelmi,
tumancep kulunging nala,
yata tan antara prapti,
malakul maut nuli,
saking jro kodrat tumurun,
munpakun kayun kayat,
tan ana barang kang keksi.
wus sampurna ken thus jatlning tataga.
96