Nulya mring betal mukaram
ing jantung angukut getih
ginulung dadi samrica
wusing getih nis manginggil
kumeplas yayah thathit
mring sajroning betal makmur
lire betal iku omah
makmur prameyaning urip
aneng kono ngukut kehe pancadriya.Pangucap ambu pamyarsa
paningal riningkus maring
sajeroning betal munya
ingaran tamajul tarki
uteg tegese yayi
nulya ingsun nyipta mlebu
marang pancering netra
aran Mukamat hakiki
sajatine angen-angen badan suksma.Tegese abadan napas
kena den asmani gusti
wus casam tunggal kawula
ya ingsun iya sireki
sajatine mung mami
lenggeng wujut awang awung
suwunge mengku ana
jumeneng ngaenal yakin
nemu ngalam jembar tan kena cinengkal.Ngliyep nglangut tan pantara,
sarwa sarwendah menuhi,
tan krasa sawiji apa,
mung nikmat mupangat yayi,
ingsun lan sira panggih,
jodho neng akhir ketemu,
yeku nugrahaning Hyang,
kiyamusipatul kadim,
kanjan mahpyan nora angalap wasana.
95