Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wus dungkap ing kawan wulan
    maenda nora sah ngimpi
    para Nabi sung wawarah
    lamun jabang bayi lahir
    sinungan nama Kancil
    dupi prapta pitung tengsu
    Kenthus tampi sasmita
    ngalamat ga'ib kaeksi
    maweh tandha yun tumekeng tepet mulya.

  2. Nabda marang swaminira
    yayi sira sun jarwani
    sun tan menangi sutanta
    marga wus prapta ing takdir
    panengeran wus kaeksi
    kang pinter sira mong sunu
    dene prapta sun mangsa
    yayi sira sun jateni
    lan sunteni playaran sagara rahmat.

  3. Praptaningsun puput uswa
    amung kurang pitung ari
    nurmukhamat wus tan ana
    iku muksising prajangji
    marma yen sira benjing
    wus parek datan kadulu
    yeka ran johar awal
    lamun kurang tigang ari
    palenggahan Rasul yayi tan karasa.

  4. Ing tutik panggenanira
    dene yen kurang sahari
    napas metu mlebu kurang
    asrep kawala sayekti
    sumpek rasaning ngati
    wit Hyang pramana ginulung
    angen-angen kuwasa
    gulung napas saking sikil
    ingjempolan kang kiwa manjing supana.

94