Kaca iki wis divalidasi
10. SINOM
Sinome ngompro kang imba
kadi wangkawa ngawengi
tandha ing guwa garba na
nayakeng jagat yun lahir
wirayat wus mratani
ing janaloka misuwur
samana sang dyah nendra
ngimpi panggya Nabi Kilir
ngandikane wus garbini nini sira.Ing tembe umahya priya
iku aranana benjing
Raden Kancil wicaksana
wus pasthi karseng dat suci
putranira sayekti
pingul dibyambeg rahayu
murwani danisthara
ingadhep kewan sabumi
lah ta nini ingkang ngati-ati sira.Nulya nglilir Ken maenda
dyan marek ngarseng sang resi
ngaturaken kang sumpenan
nyuwun dipun wahanani
Kumenthus muwus aris
sira menenga mung sukur
mring Hyang kang Mahamulya
jwa kongsi kawedhar nglathi
yen karungu ing liyan kurang prayoga.
93