Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    dwistha kara nampek kama
    sasat mati jroning urip
    dangu dangune pamurba
    purbeng priya andayani.

  1. Wit wus mangsa kalihipun
    anambut tata ngakrami
    nandyan durung nglakonana
    estri priya bab puniki
    yaktine tan nganggo ajar
    ora susah den wuruki.

  2. Samana kalih wus kasub
    sandhing ngandhang yen wong ceki
    bedhah nagri Majalengka
    kaprawasa pothar-pathir
    wahya sanyatane rasa
    sampyuh kang jurit kekalih.

  3. Marmaweng supta wus tutug
    reroncene kang kinawi
    sinamun pawaka rasa
    kang maca Ian kang miyarsi
    dupi wus luwar karweka
    dahat gegetune ngati.

  4. Wus antara laminipun
    tan ana winancak galih
    sampat atasing ngagesang
    widada saha kirabi
    teteseng nutpahtin dadya
    maenda prucul garbini.

92