mor rasa katara tresna
Ken wedhus prucul tanposik
sinrenggaran lir bremara
ngosweng padma ngisep sari.
Pinjung luntur dening ngungrum
ngresing tyas kakenan ingsih
ngasih-asih malat driya
antya cape ati budi
kagiwang ruming wacana
dhasare Kenthus undhagi.Ngelmu pangasihanipun
semar mesem jaran mandhi
arjuna celor kang mantra
winateg sawi ngesemi
jatine goroh punika
mung saka kewese angling.Lambene prataweng kewuh
bangkit gingsiraken ati
aywa ingkang sapapadha
sanadyan nyonyah gupenir
yen kagunturan srenggara
kang miluta mulet budi.Pasthi keguh kumayuyun
marma wong kang ahli angling
wijile wus kanthi timbang
sangkeping dugi prayogi
sasat darbe pangasihan
sinihan singa miyarsi.Tanpa bosen kang karungu
iku caturing undhagi
marma ken maenda dahat
pongah pangihan kang awit
karoban tembung srenggara
sakala bayu nira nir.Jiwa raga tan kaetung
rehning winengkang karna dwi
91