Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    lawan kusumaning pani
    pratima retna kumala
    manik mananoning ngurip.

  1. Iki ratuning rah sagung
    bendara gusti suwawi
    denayu den nganten inggal
    mas ajeng mas rara nyahi
    nonah nuli sirnakena
    jajakaningsun puniki.

  2. Sapayogya birat kakung
    kungkungen madyeng jinemrik
    bantingen madyaning jaja
    sabetna parang kakalih
    kaluluh wahyaning rasa
    kang rasane legi gurih.

  3. Adhuh sang retna diningrum
    sangganen jemparing mami
    arane ki Sarutama
    tinggalane Arjuna di
    kang mandi kagila-gila
    upase asring ngabuhi.

  4. Tanpa upameng tumuwuh
    yen konok usadeng murti
    dadi tamba rara brongta
    bisa weh kumareng jisim
    metokake kringet ala
    lah cobanen masku ari.

  5. Kalamun sira tan gugu
    sun wehi pralambang lungit
    wangsalane wong sarjana
    kenur jiwa saupami
    prajurit kang setrip renda
    rasane medhotken urip.

  6. Ancur kaca dhuh riningsun
    gudhe rambat den lanjari

90