kasor Supraba bawana
dening wamanira gusti.
Tuhu presidhening Ian rum
Dhirekturing tepas wangi
Jendrale jroning pasutan
kang wajib masesang ngurip
ratuning teja wangkawa
wangkawa kang ngelun budi.Adhuh dewataning ngayu
sampumeng wamanireki
tri bawana tanpa pama
apsari tan ana mirip
heh amral sun leganana
karya sarate ngaurip.Sun kekudang sun kekidung
ratuning surangganadi
kang mulet cakraning nala
lestariya among krami
krama wajibing ngagesang
mrih tumurun tumrah wuri.Ingsun trima dadya indhung
magangi sabin salupit
kajepiting wentis jenah
ijo maya-maya jait
manjait wardayeng driya
katarik saking maskwari.Puluh-puluh wus sapuluh
kapulet budi Ijajil
jajag kangma jajan ujar
ujer sun ngundhuh woh kuldi
bagya tibeng naraka
wus jamak jangjining laki.Nadyan tibeng nraka jakum
kapleset wot ugal-ugil
ka1amun dhencang-dhencengan
89