Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. KINANTHI

  1. Kinanthi kang wus winuwus
    Kenthus alon marepeki
    sinambut retna maenda
    nyengkah mutung jangga nolih
    sesambat sarwi karuna
    adhuh mati aku mangkin.

  2. Dene wong nganggo dianu
    apa arep dianoni
    kaniaya temen sira
    adoh-adoh sun goleki
    tibane amulasara
    sumangkean wong ambenthing.

  3. Aku durung tau-tau
    salami tumitah urip
    Kenthurang nambungi sadbda
    sun uga durung nglakoni
    coba padha disekolah
    aku kang saguh mesteri.

  4. Aku iki mantri guru
    kang putus pamardyeng resmi
    adhuh barleyaning tilam
    manuta sun sarawedi
    aja mulah lir wong rucah
    mundhak wangkal ingkang siwi.

  5. Pathangkus manuara rum
    dhuh gusti retnaning ngestri
    mandragani nusa Jawa
    ratuning pra widadari

88