dwi ingkang sami gegetun
Hyang Hyang murciteng kantha
kakalih semune isin
Ken menda prucul tansah angingcang imba.
Kang Weni agung ingusap
sengadi ngupaya itik
ngurut iling saka priksa
yekstine tan kedah-kedih
wus jamake pawestri
ingangkat birahi kakung
tenaga solah bawa
bangkit anggegendeng ati
maweh branta ing para priya taruna.Dupi mawas wus tanpa was
Ken maenda matur aris
dhuh sang Dwija ingsun tanya
sajara ingkang sayekti
pukulun nunuwun sih
pituduhing maha wiku
ing pundi kang ingaran
patapan ing Ngampelgadhing
reh kawula atas dhawuhing Hyang Sukma.Prapteng ngriki srana cipta
dening Hyang Kang Maha luwih
nglampahi ingkang pitedah
kapasthen tan owah gingsir
sinungan woting ati
jatukramaning tumuwuh
pa thangkus widisana
undhagining tanah Jawi
amba weca mokal paduka yen dora.lngsun sidhep wiku tama
tan wonten pandhita kidhip
lah ing pundi prenahira
widikan ing Ngampelgadhing
Kenthus graiteng ati
baya iki kang tinuduh
86