Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    sari rum kadya punika
    lenganing ngari loka
    jroning jagar sonya ruri
    teja maya kratone Bathara Maya.

  1. Pathining Jayakusuma
    lalangening Hyang Pramesthi
    nilakantha Jonggringloka
    bayeku padmaning kuldi
    kang neng janatun angim
    sasengkeraning Hyang Guru
    tumanggal ngejawantah
    apa baya ingkang kadi
    kadi apa ganda mangkene punika.

  2. Samana munthikaning dyah
    wus nyipta suyaseng Resi
    katara ingkang wangunan
    botrawi mubeng respati
    tirtanya biru wening
    kembang jembangan tinatur
    nulya Ken menda wikan
    sanggar pamelengan keksi
    ing jerone ana Harya Setamulya.

  3. Cinakra maharsi tapa
    dyan marpeki lunggyeng ngarsi
    kagyat sang Iswaratam
    wruh wangkawa angawengi
    turnijengkara wenang
    wenesing cahya sumunu
    wingit prabaning netra
    tuhu siwayaning ngestri
    tri pandurat pathangkus angunjal uswa.

  4. Pungun-pungun lir supena
    lah apa iki apsari
    dyan mangarsa lenggah tata
    tempuhing netra kakalih
    gumensar anganyut sir

85