asrep kulunging galih
kaki-kaki kang tumurun
maksih imbal wacana
heh payo kejepa nini
Gancare lalakonira
paparengan tungga1 ratri
kang mardikengrat supena
lir wedhus prucul sang dewi
ananging datan guling
jumbuhing wirayatipun
samana ken maenda
nariswara wus tinarik
kadyathathit jog tumekeng tanah Jawa.Prathestha anggeng sudara
sang sukesi tumrun ririh
lir suranggana kasasar
midruwa angganing wukir
sajeg durung tau wrin
sanadyan pawarta durung
sang nariswara mu1at
patapan ngebat ebati
arsa nginte sapa kang darbe suyasa.Ucapen kang nungku puja
eca pitekur pribadi
kagyat ing nala dupyana
aturing wuta weh margi
ganda marbuk mrik wangi
nggadag ngungkuli minyak rum
pacolira sata1a
kasoran aruming putri
tanpa sangkan gatjitaning tyas mangkana.Baya iki ana apa
ganda marbuk amrik wangi
apa dewa ngeja wantah
tumurun ngudanken wangi
sajeg sun durung uning
84