biraten subratanira
wus takdirnya Hyang Kang luwih
nanging lantaran nini
nambut tataning tumuwuh
sira sinungan praja
satriya tama linuwih
gentur laku subrata amatiraga.
Asrama ing Ngampel denta
anggraning Sundara ardi
wus lami antuk nugraha
dene kasubing wawangi
Pokrul Kenthus undhagi
dwija kang susila punjul
madhangi ing wana ardi
sira nini ing tembe darbe atmaja.Jalu nur nuksmeng sasangka
paparab dyan Bagus Yatin
karan Kancil Among praja
lirnya dyan iku wiradi
basa wiradi nagri
lah sira wus pana
dhawuhing Hyang Mahasuci
anyipa padhemen pancadriyanta.Mangkya sun untapken sira
sakedhap prapta ing jawi
wruhanira nini ingwang
Suleman dutaning Widhi
sang retna wus nampeni
sujuting tyas suka-sukur
ana malih sasmita
pratima lit mawa thathit
saking wiyat manjing sajerone grana.Nulya sang kusumaning dyah
cahyanya padhang ne1ahi
narawang sumilak terang
mathem ing budi katawis
83