mawantah keksi budyadi
diwangkara sor prabanya
wimbuh liwering thathit
kusut rebut pangeksi
tetela nugraha tuhu
Rabana sipat rhman
Rahim kayitma semadi
nir deyestu setya-setya taga brangtha.
Tan kadheg pamintanira
manah driya mardi budi
lir madubrata manindra
darana museng manganti
diwereng ati mati
pinendhem sakaning ngidhup
ngadhepaken sarjana
laksiteng kawangsul kamsi
tanpa pamwit jahet samanuljanat.Tinutug sedyaning puja
wong temen Allah nemahi
nemu ing atma pramana
maninjaya kang kaputhi
pinasthi antuk jais
kabukti narimeng sujud
mujut idayatolah
ana kaki-kaki prapti
jog tumurun saking wiyat mawa praba.Rinubung thathit liweran
teja wangkawa ngengeksi
mancur sudhul ngakasa
saputen miris kang ngeksi
satengah kadi ngimpi
satemene nora turu
sang Werda pasrangkara
mring dyah kang mudya semedi
heh ta nini munajatira katrima.Sinarsah karseng iswara
kinacek sameng dumadi
82