Sigegen wahyaning gita
ing nagari Ngatas angin
ugi maksih wanawasa
kewan wignya tata janmi
tan pae tanah Jawi
wus karsaning Hyang Mahagung
waktu ing jam an kitrah
kaelokaning Hyang Widi
tanah Ngatasangin wonten trahing wirya.Ken Wedhus prucul arannya
maksih kenya mati ragi
mider-mider wana pringga
saben guwa den leboni
ngambah jurang kang sungil
wus nirbaya gentur laku
nelas saliring tapa
kang pininta mring Hyang Widi
ngungkulana sasaminireng ataga.Ngungset pamusenging cipta
lali nendra minum bukti
kyating sedya murti tama
tumaninah mamet ja 'is
sima kang jabar lalis
lalu nuksmeng labda makbud
budi nuksmeng susila
silarja jananing ngakir
karahatjan mandhep cukuling kamukswan.Swatama yun daniswara
puwareng wredha kapusthi
dayong angga suksmantaya
mrih tumrah mratani warti
murcita dayeng budi
adining wanudya punjul
ngeningken mantra sedya
sabaskara lamun anis
sebak suranggana dwistheng cakra kembang.Bagyarja jawata mulya
81