Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8. SINOM

  1. Mudhaning budi serakah
    sandhangen wawales mami
    sandining cipta wilpusa
    memagang ngloropke pati
    utang-utang pribadi
    sun nedya kanggo panyaur
    malah dudu sahuran
    muhung kinarya ngrenteni
    tanpaseh yen nora nyaur tridasa.

  2. Kehe samono utangnya
    sengadine wani ngirit
    sun tan uning den pitnah
    tan wruh lamun satru budi
    lan kenthus mangan debi
    saiki sun wruh yen palsu
    kuwuk wus kapidhara
    nir kabudayaning ngurip
    megap-megap gya ginugut brewa pejah.

  3. Patine kuwuk tetinggal
    swami nyidham telung sasi
    dahat sungkawaning nala
    garbini tinilar nglaki
    wau ta sira debi
    sonya pangungguting kalbu
    ming maesa wus rila
    nadyan kapethuk ing margi
    wus tan pisan darbea pangancam-ancam.

80