Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    Nora gawer binukti
    yen Sugriwa sira
    tan bisa sung entresan
    saben dina macan kalih
    sun wehi mayar
    nicila saben ari.

  1. Telu-telu ananging utangmu dadya
    macan sawidak siji
    babone tri dasa
    yen tan dadya pejahan
    saben dina anganaki
    nora sah-esah
    sun welas mring sireki.

  2. Sima dupi mireng sabdaning kwandaka
    yen mung karya ngrenteni
    dahat kamigilan
    dheg-dhegan tarataban
    kasudiranira enting
    nggemprong anggiwar
    sigra lumayu nggendring.

  3. Nyerang alang-alang glagah padhas parang
    buntut keseret muntir
    Sugriwa gandhulan
    nanging tansah linarak
    kala maju macan wani
    ngadeg buntutnya
    yen kalah ngawet silit.

  4. Kuwuk babak bunyak bodhal-badhil bundhas
    kulit lir den seseti
    akuthah ludira
    tetes samagra-marga
    nulya mandheg macan nolih
    lah rasakena
    wong arsa gawe nicil.

79