Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    dene ta wani bali
    mokal yen oraa
    ana ingkang ngegusah
    Kenthus nulya trang mangeksi
    gigiring macan
    kuwuk ingkang mathangkring.

  1. Asru manabda pathangkus marang Sugriwa
    sira ngobong prakawis
    pakarya Atpokat
    kasebut angger Indiya
    bah ping satus tigang desi
    lan sajroning bah
    rong atus kawandesi.

  2. Uga kena wong tetulung ing prakara
    kudu nganggo notaris
    nyekellayang kwasa
    saha kang darbe nalar
    balik palilahe endi
    kang wus tinandhan
    dening tuwan notaris.

  3. Yen mangkono tekamu mung nyaur utang
    macan sawiji iki
    minangka anakan
    lah ta sun datan arsa
    lakuning ing jaman iki
    akeh wong utang
    kudu kendel ngrenteni.

  4. Mangka insun kuwuk selak katagihan
    kongsi lungse kang wanci
    sira padha uga
    kasep manggarah limpa
    ning macan tansah nagihi
    dene ta sira
    mung nggawa macan siji.

  5. Gawe apa malah anggegarak racak


78