Dahat ngunguning driya keneng paeka
arimba muwus aris
kaya paran brewa
rnungguh pratikelira
sun manut sarehireki
supaya gampang
si kebo sun pateni.Sira kuwuk sumarnbung sabda heh rnacan
prayogane sarnangkin
baliya kewala
kang teteg ywa surnelang
cature ywa winiyarsi
rak banjur lunga
si kenthus kebo keri.Nadyan wani panggah si Kenthus tan gondra
ingsun wani prang tandhing
ngaduwa kadibyan
sira prang lan maesa
aku muhung njaluk dhidhih
bakyumu nyidham
iku kang dadi ati.Dene sira yen sumlang payo lan ingwang
kang ngaterake bali
buntutmu cinancang
kalawan buntut ingwang
tandha yen saeka kapti
wus linaksanan
buntut cinancang nuli.Tali pati murih kenceng kukuh kuwat
kuwuk nemplok neng gigir
sigra mong wisata
mring Ngampel-gadhing prapta
pathangkus kagyat rnangeksi
kalong suranya
mangkana cipteng ati.Lah ta sapa kang ngojok-ojoki macan
77