Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Katujune kakang sun nora den untal
    buru daging sacuwil
    meh kelangan nyawa
    yen mangkono Sugriwa
    sun rilakake bae wis
    kebo satunggal
    ngupaya dina buri.

  2. Lamun maksih urip kaya nora nguyang
    dilalah wus pinasthi
    dawa usweng macan
    ing wana ora kurang
    mung nyingkiri kebo siji
    kuwuk tumanggap
    wuwuse ngesi-esi.

  3. O, o, bodho temen sireku macan
    kena dipun apusi
    adating kenthorang
    mbubujuk ngumandaka
    baut jalak angalentik
    saking blilunta
    tan wruh dugi prayogi.

  4. Sayektine kang neng jeron sumur ika
    layanganmu pribadi
    dudu leluwihan
    enggone mangan macan
    jane sirahmu pribadi
    yen tan pracaya
    ngombeya marang belik.

  5. Mesthi ana sirah macan kaya sira
    gedhene nora slingsir
    mong sigra ingajak
    mring belik gegancangan
    wusnya prapta nginguk nuli
    meruh ing rupa
    nira neng jroning belik.

76