mong tandya lumayu gendring
tan wruh yen sirah
layangane pribadi.
Grahitaning nala si Kenthus sanyata
digdaya sura sekti
guna wira tama
sun sakethi tan nyana
yen bisa munah kesari
mong nunjang-nunjang
lumayu sipat kuping.Sarwi gero goraya geter kumetar
ngetan yata winarni
kuwuk krungu swara
ning macan kami gilan
wusing kapanggya
wilpusa tanya aris.Paran baya sira mlayu sarwi mahyang
gugup dennya mangsuli
kuwuk bener sira
Kenthus tuhu widagda
ubeting nalar mangenting
prakataning wang
kalah sarta meh mati.Ing samengko si durcala kinukuhan
sun jaluk nora olih
nganggo gugat jawab
laras lakuning nalar
prampungane sun katitih
nedya sun paksa
temahan sun sinung wrin.Jeron sumur ana endhas mung sajuga
ika sisaning bukti
Kenthus saben dina
siji tadhahe macan
nuju norantek sunmeksi
sru kamigilan
lumayu yen binukti.
75