Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    sarta nampik putusan
    papriksan sadaya bali
    yen wus neng kana
    yekti katimbang malih.

  1. Macan meksa tan darana ambeg harda
    keras mawinga wengis
    ngisis siyungira
    tinon lir kapurancang
    kuku megar ngilat thathit
    pasang weweka
    rehning sura dimurti.

  2. Saraweyan susumbar aminta lawan
    Kenthus wikruma wredi
    mekar jaja jembar
    wadana mijil gelap
    sru tumanggap heh kesari
    tan kulak warta
    anom rungoning kuping.

  3. Yen si Kenthus prawira murti widibya
    putus kridhaningjurit
    hiyeki kwandaka
    sring gadho daging macan
    kapasang yogya sireki
    sun katagiyan

  4. Rehning saben dina wus nadhah satunggal
    yen tan pracaya debi
    lah ta tilikana
    sumur ing wurinira
    luwihan endhas mong siji
    kang kaya sira
    nora entek sun bukti.

  5. Kebeneran arimba mundur angungak
    jeroning sumur keksi
    ana sirah macan
    gengnya kagila-gila

74