Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    yen sirarsa sima
    lebur luluh wor kisma
    barenga maju lan Bothi
    kang dussutarta
    lelethek satru juti.

  1. Kenthus dupi myarsa sabdaning arimba
    nambung sabda sung peling
    heh mong ywa mangkana
    wruha tataning praja
    bageyanireng prakawis
    den silah-silah
    mung kinarya rong warni.

  2. Kang sawiji sipil araning prakara
    roro aran kriminil
    de sipil punika
    kayata apyun gelap
    myang lakuning potang silih
    saha yen ana
    na1ar kang cilik-cilik.

  3. Yen kriminil iki mring bab kadurjanan
    kayata wong ngapusi
    mating culeng kampak
    ngimpes wong tuwin begal
    ngobong omah gawe dhuwit
    yeku sadaya
    munggah landrad wus pasthi.

  4. Mangka macan prakaranipun punika
    klebu bageyan sipil
    pamancasing nalar
    tan trima kena munggah
    badai ponis iya keni
    kasebut neng bab
    satus sangang dasa dwi.

  5. Tekaning bab satus sangang dasa hastha
    kena rekes manginggil
    anjireng lampahan

73