lung rendheng tuwin warih
anetepi gugat
bab gugate mong minta
daging sacuwil tan keni
dene maesa
iku kudu numpuki.
Bab ping satus sawidak pitu uninya
pranatan tanah lndi
kang dadya gegaran
mungguh apsahing tandha
sajroning prakara sipil
marma danuka
kepeksa ambayari.Yen bab punuk macan pisan nora kena
a wit tan darbe saksi
dhasar kebo singlar
ngaku mung utang pangan
gegodhongan miwah warih
iki putusan
dhumawuh mong lan Bothi.Sima dupi myarsa ponang rampungan
buteng riwut netrandik
anggero lir gelap
liwungan pancadriya
kang basmaranging tyas wani
nyat ngadeg malang
megung anguwuh tandhing.Anggurnita sayuta jagat kebekan
prabawane weh miris
giris singa myarsa
tandange singarudra
netra lir danu mayadi
denira sumbar
rebutan den ngajurit.Iya iki leyo Singaning Nedelan
kenthus dulunen mami
72