Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Heh sardula ywa ge mahyakken disura
    kumlungkung kumawani
    yeku salah tampa
    dudu caraning a tata
    mungguh tataning prakawis
    kudu katimbang
    mupakat lan para lit.

  2. Yen wus kumpul siji panimbanging nalar
    nuli dhawuhing ponis
    tegese prampungan
    uga kamot ing layang
    nanging ares kudu mawi
    den sahken marang
    huk nagara Batawi.

  3. Terus marang Mesir kunjuk Nabi Sleman
    ratune para kumlip
    mengko yen wus teka
    mangka sira tan trima
    kena rekes badal ponis
    de gugatira
    iki prakara sipil.

  4. Sarehena bae sawetara dina
    kang sabar kang aririh
    aja murang tata
    pragalba wus darana
    dupyantara rikeng pinis
    satekanira
    bab prakarane debi.

  5. Dennya dredah rebut bener Ian danuka
    prakara potang silih
    adiling pradata
    wewaton wet lndiya
    saha panimbanging pra lit
    kesari menang
    bener tanpa rijeki.

  6. Rupa suket taru lata ron tilarsa

71