Kaca iki wis divalidasi
7. DURMA
Durmaning tyas danuka matur tan ngrasa
utang arupa daging
dhumateng sardula
yekti nguni kasrakat
kelantih tan minum bukti
tandya pragalba
tutulung lata warih.Ron katela rendeng drengesing tilarsa
amba bukti nyekapi
angsal slapan dina
sadinten kaping tiga
sampatan kirang punapi
praptamba lema
estu mong kang ngingoni.Dene mangke mong nagih kula sandika
badhe kula bayari
sapinten kang gugat
darenges ron tilarsa
kinum warih kadya nguni
ujar wus terang
pangadilan dhawuhi.Macan dupi krungu jawabing danuka
ngukiri kang prajangji
madeg suraning tyas
ngerik gora-gora
sru minta lawan ing tandhing
lir yun nguntala
Kumenthus nabda ririh.
70