Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    bokmenawa nalar kadalu warsi
    bab tri dasa juga nutur
    prakara klengga nata
    mung rong werna siji kang digugat lampus
    kapindo kadalu warsa
    wus kasep kaliwat lami.

  1. Yen sira wus atur gugat
    si danuka uga sun priksa nuli
    ngaku mukir jawabipun
    uga kamot ing Jayang
    yen wus gathuk gugat jawab ingsun putus
    watone angger lndiya
    marma sun mangkono debi.

  2. Miturut dhawuhing Nata
    Kangjeng Nabi Suleman prajeng Mesir
    kang ngratoni kutu-kutu
    dharatan Ian samodra
    wektu iki paring bebeneran amung
    cacahing ngadil nem warna
    siji bebeneran dhistrik.

  3. Pindho bebeneran bupatya
    ping tri lanrat kaping pat rat kuliling
    lima rat yustisi iku
    bebeneraning Jawa
    kang kaping nem aran pangadilan luhur
    iki unine pranatan
    jroning bab sapisan debi.

  4. Lan maneh ana pranatan
    kang winenang padha bekel pulisi
    uga nenem cacahipun
    sawiji lurah desa
    pindho lurah dhistrik ingkang kaping telu
    hup jaksa Ian para jaksa
    kaping pat para bupati.

  5. Para residen ping lima
    kaping neme sarupane priyayi

68