Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Neng dunya ngupa utama
    wajibe wong mengku trapsila yukti
    lah ana prakaranipun
    inggal sira tutura
    rehning kebo ana kang kuwasa mengku
    tegese wengku pikuwat
    ingkang tanggung ala becik.

  2. Ingsung kang wenang masesa
    saisining jroning kukupan mami
    lamun ana nalaripun
    prayoga pratelakna
    wus lakune prakara kudu den atur
    kamot aneng gugat jawab
    saha paturaning saksi.

  3. Proses perbaling papriksan
    pra kumingsi kang wajib ngudaneni
    dakwa myang panangkisipun
    endi kang bener menang
    marma jroning angger Nederlan kasebut
    bab kaping nenem mangkana
    wenang wajibing prakawis.

  4. Heh Macan age tutura
    purwa madya wusanane prajangji
    wanci dina sasi tahun
    sun pacake neng layang
    sarta asli kalairanmu kasbut
    lan maneh panggaotanta
    yeku lakuning prakawis.

  5. Lamun nora mangkonoa
    tan tumindak lakuning gugat mangkin
    wit angger Nederlan sung wruh
    bab ping nem likur munya
    nora kena wong keserek dening kukum
    yen tan terang nalarira
    marma dina tangga1 sasi.

  6. Kudu kasebut neng dakwa

67