Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Heh danuka prastawakna
    kadibyengsun singa Nederlan Indi
    kang putus pratameng kewuh
    munah durtaning karta
    anata sih sukertaning jagat rampung
    wong mara pranata harja
    si Cemer satruning urip.

  2. Kebo dhasaring jahanam
    kekel langgeng sajroning nraka api
    durakamu tanpa petung
    leksan kethen mayutan
    wus tetela wong dama tinuntun bagus
    sinung bukti tekeng lema
    dadi papalanging pati.

  3. Sasat sinambungan yuswa
    emeh bae ragamu tekeng pati
    kalantih tan bukti nginum
    nglemprak yayah gusthika
    wus rinubung ing laler maewu-ewu
    nulya no wong saleh prapta
    asung rijeki amintir.

  4. Jangjimu srah jiwa raga
    tekaning don mukir cidra ing jangji.
    kodhok dahat murang patut
    namanira midengrat
    alingana bumi gunung pitung ewu
    yen ala pasti ketara
    reh gelah-gelahing bumi.

  5. Kenthus dupi myarsa swara
    sru sesumbar angesi-esi Bothi
    nir tatakrameng tumuwuh
    dugi sajroning nala
    pasrangkara heh pragalba ywa kumlungkung
    weruha tataning gesang
    sabar pitukuning swargi.

66