7. PANGKUR
Kapungkur kuwuk welasnya
marang kebo sareh ati drengki
nglairken krenah kang dudu
nir tresnaning sasania
tanpa tilas kawelasaning mring danu
pasrangkara heh arimba
sira mangkata den aglis.Ananging ingsun meminta
jangji marang sira yen kebo benjing
ingsun mujur wit bakyumu
lagya nyidham kaworan
saha rina wengi ngrerintih njejaluk
gatih daging jantung manah
yen si kebo tekeng pati.Sun pasthekken keprabeyan
kebo lawan sira angadu sakti
wus tamtu yen nora ngukup
nanging sumelanging tyas
kang ngayomi si kebo kenthus dibya nung
reh atpokat Widisana
baut ngreka daya sandi.Sigra arim ba pamitan
lumaksana ngulon telenging ati
ucapen kebo lan kethus
kang lagyeca guneman
yata wau katungka ing praptanipun
mongsinga kramaning gesang
nguwuh-uwuh minta tandhing.
65