Kaca iki wis divalidasi
Manjangan kang nyukani pawarti
katrangane kebo
mong wisata mangalor parane
prapta wismane kuwuk pinanggih
aneng growongan wit
kendhal tata lungguh.Wusnya samyandum harjaning wuri
gembong tanya alon
heh ta kuwuk tekaningsun kene
angupaya buroningsun mundhing
pawarta kang yakin
neng kene andanu.Sira ingkang ngumpetaken mangkin
yen nyata mangkono
sun prajaya wandanya ywa kaget
rehning sira sabyantu ing juti
patut dipateni
ngubungi laku dur.Kuwuk kagyat tyasira gung miris
marasnya dharodhog
sru wel-welan nir budidayane
temahane kuwuk dahat wedi
wandane pribadi
alon dennya muwus.Bener sira panyakramu debi
sun kanggonan kebo
nanging ora mung mampir nyatane
ing mengko neng kulon kene Bothi
wismane undhagi
Kenthus karan pukrul.
64