Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    bab nalar mangkono
    datan ewah mungguh pratikele
    kang kasebut angger tanah suci
    kang laku neng Jawi
    bab selang myang sambut.

  1. Iya iku ran prakara sipil
    nora dadi ewoh
    wusnya terang Sugriwa lumengser
    arsa mulih rinilan lestari
    gantya kang winarni
    sima kang angluru

  2. Marang kebo ngubres ing wanadri
    pereng jurang jero
    tan kapanggya anglarah tapake
    mangkana usiking nala debi
    mring ngendi si Bothi
    arine ing dalu.

  3. Rehning sima taruna dibya di
    teguh prawira tos
    angungkuli sasami samine
    pilih tandhing boboting kumelip
    tan ana kang miris
    kasantikanipun.

  4. Marma dahat mangancaming Bothi
    la1u me1ok-me1ok
    katon bae sapari po1ahe
    wus linali-1ali datan 1ali
    1e1akon ngalami
    tannedya rahayu.

  5. Pantes 1amun pinugut kang urip
    alosameng sato
    ingsun posing ing ngendi parane
    tan atara wus antuk pawarti
    kebo mangkya ndhelik
    aneng wismeng pukrul.

63