wignya laku goroh sarta ares
sigra budhal kuwuk lawan Bothi
wisatanya prapti
dhepokireng Kenthus.
Ingacaran wus atata linggih
Kenthorang nebda lon
paran baya karo prapteng kene
kang sawiji anandhang prihatin
kuwuk matur inggih
dhuh sang Maha Wiku.Reh paminta sraya sumitra di
punika pun kebo
purwa madya tutura kang bares
aja goroh barang laku kang wis
Bothi matur aris
purwa wusana wus.Ing mangkyamba asrah jiwa ragi
dhumateng Sang Kaot
nyumanggakken paduka sapangreh
uger dede bangsa kulit daging
nyuwun aling-aling
pesatireng ngumur.Datan saget matur kadipundi
mulung jireng lakon
nanging dinten wingking amba darbe
punagi sun reh harjeng ngurip
yen mrukwita nyantrik
dadya uluguntung.Saha makmum puja taki-taki
ngatas kareng manon
Kenthus dupi terang pamyarsane
marang kebo dennya gung prihatin
temahan tresna sih
wruh nalar ingkang wus.Alon nabda mring mesa heh Bothi
62